Serat wedhatama ini adalah salah satu serat
karangan KGPH Mangkunegara IV , berasal dari
dua kata wedha yang berarti ajaran dan tama
yang berarti utama, serat ini berisi tentang
ajaran-ajaran kebaikan , budi pekerti dan akhlak
yang hingga sampai sekarang masih dapat
diterapkan dalam kehidupan, serat ini ditulis
dalam bentuk tembang macapat agar mudah
diingat dan digemari oleh masyarakat Jawa yang
pada umumnya menyukai kesenian. Naskah
aslinya sekarang masih dapat kita lihat di
Museum Reksapustaka di Pura Mankunegaran
lantai dua .
kgpaa-mn-iv-ii1
PUPUH I
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara , akarana karenan
mardi siwi , sinawung resmining kidung, sinuba
sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu
luhung, kang tumrap ing tanah Jawa, agama
ageming aji .
02
Jinejer ing Weddhatama , mrih tan kemba
kembenganing pambudi , mangka nadyan tuwa
pikun, yen tan mikani rasa , yekti sepi sepa lir
sepah asamun , samasane pakumpulan , gonyak-
ganyuk nglelingsemi .
03
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah
lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru
aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng
semu, sinamun samudana , sesadoning adu
manis .
04
Si pengung nora nglegewa , sangsayarda denira
cacariwis, ngandhar- andhar
angendukur, kandhane nora kaprah , saya elok
alangka longkangipun , si wasis waskitha ngalah ,
ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono ilmu kang nyata , sanyatane mung we
reseping ati , bungah ingaran cubluk , sukeng tyas
yen den ina , nora kaya si punggung anggung
gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono
wong urip .
06
Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting
saluwir, kadi ta guwa kang sirung , sinerang ing
maruta, gumarenggeng anggereng anggung
gumrunggung, pindha padhane si mudha ,
prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken
yayah wibi , bangkit tur bangsaning luhur , lah iya
ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung ,
mring atining tata krama, nggon - anggon agama
suci.
08
Socaning jiwangganira , jer katara lamun pocapan
pasthi , lumuh asor kudu unggul , sumengah
sesongaran ,yen mangkono kena ingaran
katungkul , karem ing reh kaprawiran, nora enak
iku kaki .
09
Kekerane ngelmu karang , kakarangan saking
bangsaning gaib, iku boreh paminipun , tan
rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning
daging kulup, Yen kapengkok pancabaya ,
ubayane mbalenjani .
10
Marma ing sabisa -bisa , babasane muriha tyas
basuki , puruitaa kang patut , lan traping
angganira, Ana uga angger ugering kaprabun,
abon aboning panembah , kang kambah ing siang
ratri .
11
Iku kaki takokena , marang para sarjana kang
martapi , mring tapaking tepa tulus , kawawa
nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning
ngelmu, tan mesthi neng janma wreda , tuwin
muda sudra kaki .
12
Sapantuk wahyuning Allah , gya dumilah mangulah
ngelmu bangkit , bangkit mikat reh mangukut ,
kukutaning Jiwangga , Yen mangkono kena
sinebut wong sepuh , liring sepuh sepi hawa, awas
roroning ngatunggil .
13
Tan samar pamoring Sukma , sinukma ya winahya
ing ngasepi , sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping
ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping
rasa jati .
14
Sajatine kang mangkono , wus kakenan
nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung ,
tan karem karamean, ingkang sipat wisesa
winisesa wus , mulih mula mulanira, mulane wong
anom sami.
PUPUH II
SINOM
01
Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi ,
Wong Agung ing Ngeksiganda , Panembahan
Senopati, kepati amarsudi , sudane hawa lan
nepsu , pinesu tapa brata , tanapi ing siyang ratri ,
amamangun karenak tyasing sesama .
02
Samangsane pesasmuan, mamangun martana
martani , sinambi ing saben mangsa , kala kalaning
asepi , lelana teki-teki, nggayuh geyonganing
kayun , kayungyun eninging tyas, sanityasa
pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan
nendra .
03
Saben nendra saking wisma , lelana laladan sepi ,
ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng
kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya
tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala
nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika .
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den
ideri, kinemat kamot hing driya , rinegan segegem
dadi, dumadya angratoni , nenggih Kanjeng Ratu
Kidul, ndedel nggayuh nggegana , umara marak
maripih, sor prabawa lan Wong Agung
Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci ,
jroning alam palimunan , ing pasaban saben sepi ,
sumanggem anjanggemi , ing karsa kang wus
tinamtu , pamrihe mung aminta, supangate teki-
teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraja, saturun - turun wuri, Mangkono
trahing ngawirya , yen amasah mesu budi ,
dumadya glis dumugi , iya ing sakarsanipun , wong
agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng
mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa .
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji ,
satriya dibya sumbaga , tan lyan trahingSenapati ,
pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing
sakuwasanira, enake lan jaman mangkin ,
sayektine tan bisa ngepleki kuna .
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa
prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha kang den karemi , manulad nelad Nabi ,
nayakeng rad Gusti Rasul , anggung ginawe
umbag , saben saba mapir masjid , ngajap -ajap
mukjijat tibaning drajat .
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den
wruhi, dalil dalaning ijemak , kiyase nora mikani,
katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid
agung , kalamun maca kutbah , lelagone
dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang
cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng
Nabi, O , ngger kadohan panjangkah , wateke tak
betah kaki , Rehne ta sira Jawi , satitik bae wus
cukup , aja ngguru aleman , nelad kas ngepleki
pekih , Lamun pungkuh pangangkah yekti
karamat .
11
Nanging enak ngupa boga , rehne ta tinitah langip ,
apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami ,
Mangkono mungguh mami , padune wong dhahat
cubluk , durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan
ngenting , parandene pari peksa mulang putra .
12
Saking duk maksih taruna , sadhela wus
anglakoni, aberag marang agama , maguru
anggering kaji , sawadine tyas mami , banget
wedine ing besuk , pranatan ngakir jaman , Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya
tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan , yen kasuwen den
dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat
saben hari , bot Allah apa gusti , tambuh - tambuh
solah ingsun, lawas - lawas graita , rehne ta suta
priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista .
14
Tuwin ketib suragama , pan ingsun nora winaris,
angur baya angantepana, pranatan wajibing urip ,
lampahan angluluri , aluraning pra luluhur , kuna
kumunanira, kongsi tumekeng semangkin,
Kikisane tan lyan among ngupa boga .
15
Bonggan kang tan mrelokena , mungguh ugering
ngaurip, uripe tan tri prakara , wirya, arta , tri
winasis, kalamun kongsi sepi , saka wilangan
tetelu , telas tilasing janma , aji godhong jati aking,
temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap , mangayut ayat
winasis, wasana wosing Jiwangga , melok tanpa
aling-aling , kang ngalingi kaliling , wenganing rasa
tumlawung, keksi saliring jaman , angelangut
tanpa tepi , yeku aran tapa tapaking Hyang
Sukma .
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing
sepi, ing saben rikala mangsa , masah
amemasuhbudi, lahire den tetepi , ing reh
kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing sesame, yeku aran wong barek berag
agama .
18
Ing jaman mengko pan ora , arahe para turami ,
yen antuk tuduh kang nyata , nora pisan den
lakoni , banjur njujurken kapti , kakekne arsa
winuruk, ngandelken gurunira , pandhitane praja
sidik, tur wus manggon pamucunge mring
makrifat .
PUPUH III
PUCUNG
01
Ngelmu iku , kalakone kanthi laku , lekase lawan
kas , tegese kas nyantosani , setya budya
pangkese dur angkara.
02
Angkara gung , neng angga anggung gumulung,
gogolonganira triloka, lekere kongsi , yen den
umbar ambabar dadi rubeda .
03
Beda lamun , kang wus sengsem reh ngasamun ,
semune ngaksama , sasamane bangsa sisip ,
sarwa sareh saking mardi marto tama .
04
Taman limut , durgameng tyas kang weh limput,
kereming karamat , karana karohaning sih , sihing
Sukma ngreda sahardi gengira .
05
Yeku patut , tinulad -tulad tinurut, sapituduhira , aja
kaya jaman mangkin , keh pramudha mundhi dhiri
lapel makna .
06
Durung pecus , kesusu kaselak besus , amaknani
lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak
angendhak gunaning janma .
07
Kang kadyeku , kalebu wong ngaku- aku, akale
alangka, elok Jawane denmohi , paksa ngangkah
langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh , lumeketing
angga , anggere padha marsudi, kana- kene
kaanane nora beda.
09
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen
kabul kabuka, ing drajat kajating urip , kaya kang
wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa ngelmu , mupakate lan panemu , pasahe lan
tapa, yen satriya tanah Jawi , kuna- kuna kang
ginilut triprakara .
11
Lila lamun , kelangan nora gegetun , trima yen
kataman, sakserik sameng dumadi , trilegawa
nalangsa srahing Batara.
12
Batara gung , inguger graning jajantung, jenak
Hayang Wisesa , sana paseneten Suci, nora kaya
si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus , kareme anguwus-uwus , uwose tan
ana, mung janjine muring -muring , kaya buta-
buteng betah nganiaya .
14
Sakeh luput , ing angga tansah linimput, linimpet
ing sabda , narka tan ana udani, lumuh ala ardane
ginawe gada .
15
Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul , kaseselan
hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya
anggambuh mring Hyang Wisesa .
PUPUH IV
GAMBUH
01
Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya
lumuntur, dihin: raga, cipta , jiwa , rasa , kaki, ing
kono lamun tinemu , tandha nugrahaning Manon .
02
Sembah raga puniku, pakartine wong amagang
laku , susucine asarana saking warih , kang wus
lumrah limang wektu , wantu wataking wawaton.
03
Inguni -uni durung, sinarawung wulang kang
sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok - ken anggit,
mintoken kawignyanipun , sarengate elok - elok.
04
Thithik kaya santri Dul , gajeg kaya santri brahi
kidul , saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong
kang padha nggugu , anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa weruh , cahyaning Hyang kinira yen
karuh , ngarep -arep urup arsa den kurebi, Tan
wruh kang mangkoko iku , akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman rumuhun , tata titi tumrah
tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku
batin , dadi ora gawe bingung , kang padha
nembah Hyang Manon .
07
Lire sarengat iku , kena uga ingaranan laku , dihin
ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun ,
nyenyeger badan mwih kaot .
08
Wong seger badanipun , otot daging kulit balung
sungsum, tumrah ing rah memarah antenging
ati , antenging ati nunungku , angruwat ruweting
batos .
09
Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne
asnafun , beda-beda panduk panduming dumadi ,
sayektine nora jumbuh , tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase
mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami,
sing sapa temen tinemu , nugraha geming
Kaprabon .
11
Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi
laku , laku agung kang kagungan Narapati , patitis
tetesing kawruh , meruhi marang kang momong .
12
Sucine tanpa banyu , mung nyenyuda mring
hardaning kalbu, pambukane tata , titi, ngati - ati ,
atetetp talaten atul , tuladhan marang waspaos .
13
Mring jatining pandulu , panduk ing ndon dedalan
satuhu , lamun lugu leguting reh maligi, lageane
tumalawung, wenganing alam kinaot .
14
Yen wus kambah kadyeku , sarat sareh
saniskareng laku , kalakone saka eneng , ening,
eling , Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang
Manon .
15
Gagare ngunggar kayun , tan kayungyun mring
ayuning kayun , bangsa anggit yen ginigit nora
dadi, Marma den awas den emut , mring
pamurunging lelakon .
16
Samengko kang tinutur, sembah katri kang
sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari- hari , arahen dipun kecakup, sembah ing
Jiwa sutengong .
17
Sayekti luwih prelu , ingaranan pepuntoning laku ,
kalakuan kang tumrap bangsaning batin , sucine
lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine ngangkah ngukut , ngiket ngrukut triloka
kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam
kono.
19
Keleme mawa limut , kalamatan jroning alam
kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen
tan emut , sayekti tan bisa awor .
20
Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring
panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani ,
tarlen mung pribadinipun , kang katon tinonton
kono.
21
Nging aywa salah surup , kono ana sajatining
Urub , yeku urup pangarep uriping Budi , sumirat
sirat narawung, kadya kartika katongton .
22
Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku
winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki ,
nging sira uga kawengku , mring kang pindha
kartika byor .
23
Samengko ingsun tutur , gantya sembah ingkang
kaping catur , sembah Rasa karasa rosing dumadi ,
dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing
Batos.
24
Kalamun durung lugu , aja pisan wani ngaku-
aku, antuk siku kang mangkono iku kaki , kena
uga wenang muluk , kalamun wus pada melok .
25
Meloke ujar iku , yen wus ilang sumelang ing
kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring
takdir, iku den awas den emut , den memet yen
arsa momot .
26
Pamoring ujar iku , kudu santosa ing budi teguh ,
sarta sabar tawekal legaweng ati , trima lila
ambeh sadu, weruh wekasing dumados .
27
Sabarang tindak - tanduk , tumindake lan
sakadaripun , den ngaksama kasisipaning sesami ,
sumimpanga ing laku dur , hardaning budi kang
ngrodon.
28
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming
kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib ,
sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging
batos .
29
Rasaning urip iku krana momor pamoring
sawujud , wujuddullah sumrambah ngalam sakalir,
lir manis kalawan madu , endi arane ing kono .
30
Endi manis endi madu , yen wis bisa nuksmeng
pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha
Suci, kasikep ing tyas kacakup , kasat mata lair
batos .
31
Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu,
kang minangka colok celaking Hyang Widi ,
widadaning budi sadu , pandak panduking liru
nggon .
32
Nggonira mrih tulus , kalaksitaning reh kang
rinuruh , ngayanira mrih wikal, warananing gaib ,
paranta lamun tan weruh, sasmita jatining
endhog.
33
Putih lan kuningpun , lamun arsa titah teka
mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair ,
bisa aliru wujud , kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan metu , lawan istingarah tan lumebu ,
dene ing njro wekasane dadi njawi , raksana kang
tuwajuh , aja kongsi kabasturon .
35
Karana yen kebanjur , kajantaka tumekeng
saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi , dadi
wong ina tan wruh , dhewekw den anggep dhayoh .
PUPUH V
K I N A N T H I
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas
eling , eling lukitaning alam , wedi weryaning
dumadi , supadi niring sangsaya , yeku
pangreksaning urip .
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati ,
rina wengi den anedya, pandak- panduking
pambudi , bengkas kahardaning driya , supadya
dadya utami .
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami,
samangsa wis kawistara , lalandhepe mingis-
mingis, pasah wukir reksa muka, kekes
srabedaning budi .
04
Dene awas tegesipun , weruh warananing urip ,
miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina
wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam
sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki ,
ing kono yekti karasa , dudu ucape pribadi , marma
den sembadeng sedya , wewesen praptaning uwis .
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing
pangeksi , yeku dalaning kasidan , sinuda saka
satitik , pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih
titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil ,
kasalibuk ing srabeda , marma dipun ngati - ati ,
urip keh rencananira, sambekala den kaliling .
08
Upamane wong lumaku , marga gawat den liwati,
lamun kurang ing pangarah , sayekti karendet ing
ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas
anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku , atetamba yen wis
bucik , duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing
kapti, dadi kawruhe kinarya , ngupaya kasil lan
melik .
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali ,
wola -wali nora nyata , anggepe pandhita luwih ,
kaluwihane tan ana, kabeh tandha -tandha sepi .
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib ,
kasliring titik tan kena , mancereng alise gatik ,
apa pandhita antige , kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku , lakune ngelmu sajati ,
tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail ,
tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih
ening.
13
Kunanging budi luhung , bangkit ajur ajer kaki , yen
mangkono bakal cikal, thukul wijining utami,
nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani .
14
Tur kang nyulayani iku , wus wruh yen kawruhe
nempil, nanging laire angalah , katingala angemori,
mung ngenaki tyasing liyan , aywa esak aywa
serik .
15
Yeku ilapating wahyu , yen yuwana ing salami,
marga wimbuh ing nugraha , saking heb kang
Maha Suci, cinancang pucuking cipta , nora ucul -
ucul kaki .
16
Mangkono ingkang tinamtu , tampa nugrahaning
Widhi, marma ta kulup den bisa , mbusuki ujaring
janmi, pakoleh lair batinnya , iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama
kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri , ora
yen ta ngeplekana , lir leluhur nguni - uni.
18
Ananging ta kudu- kudu, sakadarira pribadi , aywa
tinggal tutuladan , lamun tan mangkono kaki ,
yekti tuna ing tumitah , poma kaestokna kaki .
By Alang Alang Kumitir
www .alangalangkumitir. wordpress .com
KAWI SUARA
Jalan Mencari Pencerahan
Rabu, 19 Februari 2014
SERAT WEDHATAMA
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar