Banyak orang yang tidak tahu apa sih
ilmu sejati itu? Banyak para salik yang
mencari suluk untuk mendapatkan ilmu
sejati yakni ilmu kasampurnan
(kesempurnaan) hidup. Tidak ada
salahnya jika kita belajar ilmu
kasampurnaan hidup itu dari Raden
Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid
Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana
ilmu kasampurnan itu?
Anênggih punika pituduh ingkang
sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating kawruh kasampurnan,
winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa
ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking Kitab
Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau
thukul saking kawêningan raosing
panggalih, inggih cipta sasmitaning
Pangeran, rinilan ambuka wêdharing
pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi.
Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun
makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa
iku kanyatahaning Pangeran, lan
Pangeran iku mung sawiji.
(Inilah sebuah petunjuk benar yang
menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan
hidup, yang berakar dari ajaran para
ahli hikmah di tanah Jawa, yang hendak
membuka hakikat kesempurnaan sejati,
sebuah pelajaran kitab Tasawuf, ajaran
ini terpancar dari kebersihan jiwa
heningnya alam pikiran, yaitu
tanggapnya rasa atas cipta Tuhan,
dengan ikhlas mengawali pelajaran ini
yakni dengan menukil Firman Allah
pada Nabi Musa AS yang bermakna :
Yang sebenar- benar manusia itu adalah
kenyataan (adanya) Tuhan, dan Tuhan
itu Maha Esa.)
Pangandikaning Pangeran ingkang
makatên wau, inggih punika ingkang
kawêdharakên dening para gurunadi
dhatêng para ingkang sami katarimah
puruitanipun. Dene wontên kawruh
wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan,
sarta pamêjanganipun sarana
kawisikakên ing talingan kiwa.
Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih
wêdharing kawruh kasampurnan,
punika botên kenging kawêjangakên
dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun
kawêjangakên, namung dhatêng tiyang
ingkang sampun pinaringan ilhaming
Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang
sampun tinarbuka papadhanging budi
pangangên-angênipun (ciptanipun).
(Firman Allah yang demikian ini
diajarkan para ahli (mursyid) kepada
siapa yang diterima penghambaannya
(salik). Dimana ajaran itu, kemudian
teringkas menjadi 8 hal,
penyampaiannya dengan cara
membisikkan ke telinga murid sebelah
kiri. Pemahaman semacam ini
memberikan pengertian bahwa ilmu
'kasampurnan' ini tidak seyogyanya
diajarkan kepada sembarang orang,
kecuali kepada orang-orang yang telah
mendapat hidayah dari Allah SWT,
artinya orang yang telah tercerahkan
dirinya (ciptanya).)
Awit saking punika, pramila ingkang
sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing
Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
sagêd anampeni saha angêcupi
suraosing wejangan punika, awit
suraosipun pancen kapara nyata yen
saklangkung gawat. Mila
kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa
suraosing wêjangan punika, inggih
muhung dumunung ing ndalêm raosing
cipta kemawon.
(Barang siapa membaca tulisan ini
seyogyanya berlandaskan permohonan
kepada Allah, agar kiranya dapat
terbuka ciptanya hingga mampu
menerima dan memahami maknanya,
karena makna dari ajaran ini ternyata
sangat rumit/berbahaya. Maka bisanya
memahami ajaran ini tidak lain hanya
berada di dalam cipta - rasa pribadi.)
Mila inggih botên kenging kangge
wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng
nunggil raos, inggih ingkang dereng
kêparêng angsal ilhaming Pangeran.
Hewa dene sanadyana kangge wiraosing
kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil
raos, wêdaling pangandika ugi mawia
dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun
kêdah angen mangsa lan êmpan papan
saha sinamun ing lulungidaning basa.
(Maka tidak boleh kiranya untuk
didiskusikan dengan orang yang belum
sampai atau belum mengunggal rasanya
dengan kita, yaitu orang yang belum
menerima hidayah dari Allah SWT.
Walau demikian seandainya harus
disampaikan kepada orang yang belum
sampai, hendaknya disampaikan dengan
sangat hati-hati, melihat situasi- kondisi,
waktu dan tempat yang tepat serta
disampaikan dengan kiasan bahasa yang
indah.)
Mênggah wontêning wêwêjangan 8
pangkat wau, kados ing ngandhap
punika:
(Delapan wejangan tersebut di atas,
sebagaimana di bawah ini:)
I.1. Wêwêjangan ingkang rumiyin,
dipun wastani: pitêdahan wahananing
Pangeran, sasadan pangandikanipun
Pangeran dhatêng Nabi Mohammad
s.a.w. Makatên pangandikanipun:
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk
maksih awang-uwung durung ana sawiji-
wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora
ana Pangeran anging ingsun sajatine
kang urip luwih suci, anartani warna
aran lan pakartiningsun (dat, sipat,
asma, afngal).
(I.1 Wejangan yang pertama, disebut
pelajaran akan sifat-sifat Allah.
Sebagaimana firman Allah kepada Nabi
Muhammad SAW yang bermakna kurang
lebih begini: Sesungguhnya tidak ada
apa-apa tatkala sebelum masa
penciptaan, yang ada (paling awal) itu
hanya Aku, tidak ada Tuhan kecuali Aku
yang Hidup dan Maha Suci baik asma
maupun sifatKu (dzat, sifat, asma, af'al).)
I.2. Mênggah dunungipun makatên:
kang binasakake angandika ora ana
Pangeran anging ingsun, sajatine urip
kang luwih suci, sajatosipun inggih
gêsang kita punika rinasuk dening
Pangeran kita, mênggahing warna nama
lan pakarti kita, punika sadaya saking
purbawisesaning Pangeran kita, inggih
kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih
kang misesa, inggih kang manuksma,
umpami surya lan sunaripun, mabên lan
manisipun, sayêkti botên sagêd den
pisaha.
(I.2. Yang dimaksud begini: Yang
digambarkan tiada tuhan kecuali aku,
hakekat hidup yang suci, sesungguhnya
hidup kita ini adalah melambangkan
citra Allah, sedang nama dan perbuatan
kita itu semua berasal dari
Kemahakuasaaan Allah, yang 'menyatu'
ibarat matahari dan sinarnya, madu
dengan manisnya, sungguh tiada
terpisahkan.)
II.1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih,
dipun wastani: Pambuka kahananing
Pangeran, pamêjangipun amarahakên
papangkatan adêging gêsang kita
dumunung ing dalêm 7 kahanan,
sasadan pangandikanipun Pangeran
dhatêng Nabi Mohammad s.a.w.
Makatên pangandikanipun: Satuhune
ingsun Pangeran sajati, lan kawasan
anitahakên sawiji-wiji, dadi padha
sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun,
ing kono kanyatahane gumêlaring karsa
lan pakartiningsun, kang dadi
pratandha.
(II.1 Wejangan yang kedua adalah :
Pengertian adanya Allah., Wejangan ini
mengajarkan bahwa elemen hidup kita
ini berada pada 7 keadaan, sebagaimana
firman Allah kepada Muhammad SAW
yang maknanya begini: Sesungguhnya
Aku adalah Allah, yang berkuasa
menciptakan segala sesuatu dengan kun
fa yakun dari qodrat dan iradatKu, yang
demikian ini menjadi pertanda bahwa
Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.)
II, 2. Kang dhihin, ingsun gumana ing
dalêm awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam
ingsun kang maksih piningit.
(II.2. Yang pertama, Aku ada dalam
ketiadaan yang tanpa awal serta tanpa
akhir, itulah alamKu yang Maha Gaib.)
II, 3. Kapindho, ingsun anganakake
cahya minangka panuksmaningsun
dumunung ana ing alam
pasênêdaningsun.
(II, 3. Kedua, Aku mengadakan cahaya
sebagai manifestasiKu, berada dalam
kehendakKu.)
II, 4. Kaping têlu, ingsun anganakake
wawayangan minangka panuksma lan
dadi rahsaningsun, dumunung ana ing
alam pambabaraning wiji.
(II, 4. Ketiga, Aku menciptakan bayang-
bayang sebagai pertanda citraKu, yang
berada pada alam kejadian/penciptaan
(mula-jadi).)
II, 5. Kaping pat, ingsun anganakake
suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun, dumunung ana ing
alaming gêtih.
(II. 5. Keempat, Aku mengadakan ruh
sebagai pertanda hidupku, yang berada
pada darah.)
II, 6. Kaping lima, ingsun anganakake
angên-angên kang uga dadi
warnaningsun, ana ing dalêm alam kang
lagi kêna kaumpamaake bae.
(II, 6. Kelima, Aku mengadakan angan-
angan yang juga menjadi sifatku, yang
berada pada alam yang baru boleh
diumpamakan saja.)
II, 7. Kaping ênêm, ingsun anganakake
budi, kang minangka kanyatahan
pêncaring angên-angên kang dumunung
ana ing dalêm alaming badan alus.
(II, 7. Keenam, Aku mengadakan budi,
yang merupakan kenyataan penjabaran
angan- angan yang berada pada alam
ruhani.)
II, 8. Kaping pitu, ingsun anggêlar
warana kang minangka kakandhangan
sakabehing paserenaningsun. Kasêbut
nêm prakara ing dhuwur mau tumitah
ana ing donya iya iku sajatining
manungsa.
(II, 8. Ketujuh, aku menggelar akal
sebagai sentral/wadah atas semua
ciptaanku. Enam perkara tersebut di
atas tercipta di dunia yang merupakan
hakikat manusia.)
KAWI SUARA
Jalan Mencari Pencerahan
Selasa, 18 Februari 2014
Ilmu Sejati ( Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito ) Raden Ronggo Warsito
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar